ATUR PAMBAGYAHARJA ( BAHASA PRASAJA )

Diposkan oleh On 16.12


 Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Sih Wilasaning Gusti ingkang Maha Welas Lan Asih, mugi tansah tumedhak, Tumanduk wonten ing jiwangga panjenengan dalasan kula, waradin sagung keluarga, Raharja Niskala

Para pinisepuh, para tamu kakung saha putri hingkang tansah winengku hing pakurmatan. Nuhoni dhawuhipun Bapa Sumartono Sekalian ibu, kula kinen matur wonten hing ngarsa panjenengan Sedaya.

Hamung saderengipun, mangga panjenengan dalasan kula hangunjukaken puji syukur ing Ngarsa Gusti Allah Subhanahu Wata’ala, ingkang sampun paring Berkah sarta Rahmatipun dhateng panjenengan lan kula, satemah saged sami silaturahmi pepanggihan hing pahargyan punika kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala.

Sholawat Saha Salam mangga kaaturaken dumateng Nabi Muhammad Sholallahu ‘Alaihi Wasallam, Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya pikantuk syafaatipun, satemah saget mlebet Suwarganipun Allah sareng Kanjeng Nabi Muhammad, Amiin.

Sepisan, hangaturaken, salam wilujeng rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wisma pahargyan punika, mugi keparenga lelenggahan kanthi mardhika Mardikaning Panggalih.

Sak lajengipun, Bapa Sumartono dalasan kalawangsa, sakalangkung bingahing manah saget hanampi rawuh panjenengan Sedaya, Keluarga ageng Bapa Adi Kusuma sekalian Ibu, ugi sedaya Panggiring, panderek, hingkang kepareng sami hangluberaken raos sih sutresna.

Mugi Rawuh Panjenengan Sedaya Saget dadosaken tambahing panjurung donga anggenipun Bapa Sumartono kekalih kepareng hamengku gati putra pambayun pawestrinipun kusumaning Ayu Diyah Pitaloka, kadhaupaken kaliyan Bagus Adi Saputra, SH atmajanipun Bapa Adi Kusuma sakaliyan ibu, ingkang lenggah dalem hing Winong.

Dene ijab panikah nalika ari Setu Pahing, surya kaping 9 wulan Mei 2023 wanci tabuh 09.00 wekdal nuswantara iring kilen (WNIK) wonten hing Dalem  Bapa Sumartono, sarta kalajengaken tata cara panggih miturut adat Jawi jangkep gagrak surakarta. Samudayanipun kalampahan kanthi wilujeng nir baya kalis hing sambekala.

Panjurung pandonga panjenengan sedaya mugi katampi saha murakabi dhateng kayuwaning panganten sekaliyan, wilujeng, langgeng tentrem hanggenipun badhe lumebet hing bebrayan agung, bangun bale wisma, tansah mujudaken bebrayan ingkang sakinah, mawaddah, Warahmah.

Kejawi ingkang sampun katur ing ngajeng Bapa Sumartono kekalih hangaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit saking peparing ingkang awujud punapa kemawon, ingkang sedaya kala njangkepi lancaring adicara, satemah saged lumampah samudayanipun kanthi tebih ing rubeda punapa-punapa. Mugi Allah Subhanahu Wata’ala, Paring piwales ingkang langkung kathah lan berkah, aamiin.

Bapa Sumartono sarimbit nglenggana jejering titah sawantah ingkang mboten saged uwal saking kalepatan, purwa madya wasana anggenipun hanampi, hangacarani rawuh panjenengan sedaya, lumantar kula, Bapa Sumartono sarimbit hamung nyadhong lumebering pangaksami. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapa Sosro Sumarto dalah garwa mugi para tamu sedaya kepareng hanglajengaken lelenggahan kanthi merdikaning penggalih ngantos dumugi purnaning pahargyan ing dalu punika.

Kula hingkang minangka basusenaning basa, nglenggana kathah kirangipun anggen kula matur, pramila kula inggih namung cumadhong lumunturing sih pangaksama saking para tamu sedaya. Hing wasana cekap semanten atur kula,

Macan galak wulu merak, Mangsa borong panyendhu saha panyaruwe konjuk ing ngarsa panjenengan sedaya.

 

Cerita Lucu Kanti Judul "Weduuuuuus Kowe"

Diposkan oleh On 22.20

David (8 th) cah Klaten arep lungo, diterke mbok e nyegat bis. Kernet bis, "Suroboyo, Suroboyo, bu?".
Mbok e David, "Pak tulung nggih, mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani.
Kernet: "nggeh bu, tariiiikkk".
Nang terminal Solo David takon kernet bis, "Wes cedhak Jombang durung Lik?".
Kernet: "Durung lee ... jek suwe". Ora let suwe tekan Sragen, David takon maneh, "Wes tekan Jombang Lik?".
Kernet: "Durung Lee ..... jik uuuaduuooohh".
David bosen ora tekan-tekan. Akhire keturon. Bus terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wes ngliwati Jombang. Kenek lali pesenane mbok e David. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir, "Duuh kang, aku duso nang bocah kui, karo nuding David seng lagi turu nggleser.
Sopir, "Lho kenopo, to?".
Kernet, "Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono".
Sopir, "Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh", Jawab sopire, bingung.
Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan penumpang liyane, mergo mesakke karo si David. Sak wise bis tekan Jombang, David digugah.
Kernet, "Lee ...tangi lee. Wes tekan Jombang, ki", karo nggoyang goyang awakke David.
David njenggirat, "Wes tekan Jombang lik?", Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.
Kernet takon, "Arep mudhun kene le?".
David, "Ora Lik..... wong aku arep nang Suroboyo. Mau mbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wes tekan Jombang wae yo lee", jawab David karo muluk sego.
Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng: "WEDHUUUSS tenan cah iki. tiwase mbaliiik!"

Macem-Macem Tembung ing Basa Jawa

Diposkan oleh On 23.42

Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang pisanan baé. Tuladha: dedunung, tetuku, lelaku, leluri,sesawangan. 
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung ing wanda kang kapindho (mburi). Tuladha: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,
Ana tembung sing wujudé memper tembung dwilingga lan dwilingga salin swara,nanging sejatiné ora kagolong tembung dwilingga utawa dwilingga salin swara disebut dwi lingga semu, Ing ngisor iki tuladhané : (c) abang-abang (d) ontang-anting 
Sumber : (jv.wikipedia.org)

Tembung Andhahan iku tembung kang wus owah seka asliné (tembung lingga). Ing basa Indonesia, tembung andhahan diarani kata jadian. 
  • katresnan seka ka+tresna+an.
  • lumingsir seka lingsir antuk sisipan um.
Tembung garba yaiku tembung kang asline seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
  • ana + ing ---> anèng
  • siti + inggil ---> sitinggil
  • nara + indra ---> narendra
  • prapta + ing ---> prapteng
  • tumuju + ing ---> tumujweng
  • maha + resi ---> maharsi
  • parama + iswari ---> prameswari
Tembung Yogyaswara yaiku tembung loro kang digandheng, mawa teges lanang lan wadon. Tuladha:
  • Hapsara-hapsari
  • Yaksa-yaksi
  • Putra-putri
  • Gandharwa-gandharwi
  • Déwa-déwi
  • Raseksa-raseksi
  • Mahasiswa-mahasiswi
  • Mudha-mudhi
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
  • sato kéwan = perkara kéwan
  • ayem tentrem = tentrem tenan
  • tepa tuladha = tuladha
  • tresna asih = asih tenan
  • colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipunkinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.
Tuladha:
  • Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman).
  • Batur = embat-embataning tutur.
  • Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.
  • Brekat = mak breg diangkat.
  • Cangkir = dianggo nyancang pikir.
  • Cengkir = kencenging pikir.
  • Copet = ngaco karo mepet-mepet.
  • Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu).
  • Desember= gedhe-gedhene sumber.
  • Garwa = sigaraning nyawa.

Sumber : (jv.wikipedia.org)

Mulo yen kepingin sak lengkape iso goleki dewe ono ing internet.