ATUR PAMBAGYAHARJA ( BAHASA PRASAJA )

Diposkan oleh On 16.12


 Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Sih Wilasaning Gusti ingkang Maha Welas Lan Asih, mugi tansah tumedhak, Tumanduk wonten ing jiwangga panjenengan dalasan kula, waradin sagung keluarga, Raharja Niskala

Para pinisepuh, para tamu kakung saha putri hingkang tansah winengku hing pakurmatan. Nuhoni dhawuhipun Bapa Sumartono Sekalian ibu, kula kinen matur wonten hing ngarsa panjenengan Sedaya.

Hamung saderengipun, mangga panjenengan dalasan kula hangunjukaken puji syukur ing Ngarsa Gusti Allah Subhanahu Wata’ala, ingkang sampun paring Berkah sarta Rahmatipun dhateng panjenengan lan kula, satemah saged sami silaturahmi pepanggihan hing pahargyan punika kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala.

Sholawat Saha Salam mangga kaaturaken dumateng Nabi Muhammad Sholallahu ‘Alaihi Wasallam, Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya pikantuk syafaatipun, satemah saget mlebet Suwarganipun Allah sareng Kanjeng Nabi Muhammad, Amiin.

Sepisan, hangaturaken, salam wilujeng rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wisma pahargyan punika, mugi keparenga lelenggahan kanthi mardhika Mardikaning Panggalih.

Sak lajengipun, Bapa Sumartono dalasan kalawangsa, sakalangkung bingahing manah saget hanampi rawuh panjenengan Sedaya, Keluarga ageng Bapa Adi Kusuma sekalian Ibu, ugi sedaya Panggiring, panderek, hingkang kepareng sami hangluberaken raos sih sutresna.

Mugi Rawuh Panjenengan Sedaya Saget dadosaken tambahing panjurung donga anggenipun Bapa Sumartono kekalih kepareng hamengku gati putra pambayun pawestrinipun kusumaning Ayu Diyah Pitaloka, kadhaupaken kaliyan Bagus Adi Saputra, SH atmajanipun Bapa Adi Kusuma sakaliyan ibu, ingkang lenggah dalem hing Winong.

Dene ijab panikah nalika ari Setu Pahing, surya kaping 9 wulan Mei 2023 wanci tabuh 09.00 wekdal nuswantara iring kilen (WNIK) wonten hing Dalem  Bapa Sumartono, sarta kalajengaken tata cara panggih miturut adat Jawi jangkep gagrak surakarta. Samudayanipun kalampahan kanthi wilujeng nir baya kalis hing sambekala.

Panjurung pandonga panjenengan sedaya mugi katampi saha murakabi dhateng kayuwaning panganten sekaliyan, wilujeng, langgeng tentrem hanggenipun badhe lumebet hing bebrayan agung, bangun bale wisma, tansah mujudaken bebrayan ingkang sakinah, mawaddah, Warahmah.

Kejawi ingkang sampun katur ing ngajeng Bapa Sumartono kekalih hangaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit saking peparing ingkang awujud punapa kemawon, ingkang sedaya kala njangkepi lancaring adicara, satemah saged lumampah samudayanipun kanthi tebih ing rubeda punapa-punapa. Mugi Allah Subhanahu Wata’ala, Paring piwales ingkang langkung kathah lan berkah, aamiin.

Bapa Sumartono sarimbit nglenggana jejering titah sawantah ingkang mboten saged uwal saking kalepatan, purwa madya wasana anggenipun hanampi, hangacarani rawuh panjenengan sedaya, lumantar kula, Bapa Sumartono sarimbit hamung nyadhong lumebering pangaksami. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapa Sosro Sumarto dalah garwa mugi para tamu sedaya kepareng hanglajengaken lelenggahan kanthi merdikaning penggalih ngantos dumugi purnaning pahargyan ing dalu punika.

Kula hingkang minangka basusenaning basa, nglenggana kathah kirangipun anggen kula matur, pramila kula inggih namung cumadhong lumunturing sih pangaksama saking para tamu sedaya. Hing wasana cekap semanten atur kula,

Macan galak wulu merak, Mangsa borong panyendhu saha panyaruwe konjuk ing ngarsa panjenengan sedaya.

 

Next
This is the current newest page
Previous
Next Post »